Rabu, 04 Maret 2015

BEGAL

Haaaayyy sodara seluruh tanah air…
Mumpung lagi mood nulis nulis yowis aku nulis,ngetik ding maksute.Tapi iki edisi boso jowo hehe.Oke lanjutlah,nang awal sasi iki lagi usum sik jenenge BEGAL . opo to begal kui? Begal yoiku bebek gaul #ngawooor ora ding oraaaaaa aku mau mung bercanda og #halah lanjuuuut begal kui semacam tindak kejahatan perampasan,perampokan utowo jambret.Nah sakiki kabeh daerah lagi usum pembegalan,nang kene aku speksial ameh ngekeki tips coro ngehindari mantan BEGAL
 

*Pertama sik pwaling simpel dhewe,ojo pernah nggawe status bbm “OTW” mergone kui maraki envy kancane :|
*Kepindo,Ojo metu tengah wengi,eh tapi jenenge cah enom ki yo senenge metu bengi je,Don wori,Sedikit saran ning kene,koe kudu nggowo patner goncengan,intine pembegalan kui biasane sik dibegal bocah piyambakan (Hayo ati-ati lho sik dhewe) yen kepepet tenan koe ra ono sik nggoncengi tulung koe tukuo boneka CINDY sik gedhene sak koe trus jaken halan-halan ^^ 


*Ketelu,yen koe tetep nekat metu bengi usahakan koe nggowo mrico bubuk nang kantongan,dadi pas ono begal nyedak langsung suntak mrico bubuk mau pas nang raine,yen iso paske sisan nang moto.ELING! Cukup merico wae sik digowo,mengko dong salam,dong jeruk mbok gawani kabeh.
*Kepapat,numpako pit RX.KING ben koe dikiro koncone begal K
*Ke limo,koe kudu dandan sangar,dadi yen koe meh metu wengi,koe kudu nganggo sepatu buts sik swangar,nganggo jaket kulit sisan.Sekali lagi kui ben dikiro koe kancane begal!Ehhh kosek tapi ojo nganggo sepatu buts berkebun lho yo koe malah dikiro tukang bangunan fly over palur -_-

Kelimo tips nang nduwur 100% rodo nggliyeng-nggliyeng aku nulise..

Ojo cah ojooo..aku mau mung pemanasan karo imajinasiku tok kok.yen iki tenan aku meh share tips ben ra keno begal #SERIUS
Tips ben ora keno begal :
1.       Tetep ojo metu tengah wengi,diatas jam 9 kui wis bahaya.
2.       Sepion lengkap,sebagai pengendara motor sik taat peraturan kudune pit kui pancen sepione ono loro gunane sepion ning kene ora nggo ndelok masa lalu tapi nggo ndelok keadaan nang mburine dhewe,umpomo ono motor sik mencurigakan soko mburi koe langsung gas pol wae pokoke.
3.       Latih skill motormu,tapi trus ora kok koe melu rodres-an melu balapan,ngelatih skill dadi umpomo ono hal sik mencurigakan soko mburi mau koe kudu gas pol kan,nah koe kudu fokus ngarep,fokus ngepit banter,terkadang yak-yakan itu perlu bila sangat kepepet :|
4.       Biasane sik dibegal ki pengendara motor,dadi yen koe pengen aman.Numpako mobil haha

Nahhh patang tips sik lagi wae mau tips asli sik mugo2 membantu.
Tapi….
Yen tenan koe kenek begal (mugo-mugo yo ora) iki enek secerca harapan ben koe selamet….
Iki jan pwenting banget lan kudu dilakoni yen tenan keno begal,KLAKSON TERUS OJO MANDEK,dadi yen koe kroso dicedaki motor koe kudu manjer klakson,tapi yo ora trus yen enek wong meh nyalip mbok klaksoni terus,akimu mengko entek.Tur kudu dipersiapkan lho yo,mengko bake klaksonmu mrepet,kui ra lucu lho.trus to yen ra ono sik nulungi yowislah kekno wae pitmu,ojo ngelawan pokoke ojo ngelawan penting nyawane selamet,tapi yo harapanku awake dewe ora pernah ketemu sik jenenge begal aamiin.
Asli yo gais mugo-mugo tulisanku kali iki bermanfaat kanggo kabeh,tetep waspodo lan ngati-ati.
Salam cinta dari lalarangers

1 komentar:

  1. Kiro - kiro kapan koe le ameh begal aku...???? Aku nek metu bengi terus ora eneng le begal, nangkonolah aku ngeroso sedih... :P

    BalasHapus

Thanks for Visiting :)