Hail
cah….oke,postingan sik siji iki rodo bedo,soale aku nganggo boso jowo,iki edisi
khusus gais.Oke mergo rodo bedo,aku yo bakal mbahas sik bedo-bedo wae,Bocah
jaman sakiki do kakean galau,galau mergo putus mbi yange lan mergo galau tanpo
sebab.Sik aku meh mbahas galau mergo putus mbi yange…aku meh cerito kancaku sik
lagi-lagi wae pedot mbi yange,bocahe galau setengah mati setengah
urip,kebetulan kancaku kui wedok lan kebetulan yange yo cah lanang,nah kancaku
kui mau galau banget,mergo diputus.Tiap muncul nang Recent updates kancaku kui mung nyeteli lagu galau,lan diputer
bola-bali terus Personal Massage e
kancaku mau isine mung kesedihan sik ra uwis-uwis,Hmmm kui biasa yo gais…wong
pedot anyaran emang gitu.Nah….lanjut nang sosial media Twitter,kancaku kui mau
yo nggalau ning kono gais,bocahe nge-tweet yen uripe lagi sedih. Ning kene aku
ora nyebut sopo kancaku,sopo pedotane,lan opo sebabe pedot mergo kui privasi
dalam kepedotan masing-masing.aku ning kene mung ameh cerito kesedihane
kancaku.
Wong
yang-yangan pedot kui biasa sik ra biasa yo wong ra yang-yangan trus pedot #uhuk.Halahhhh lanjut nyang kisahe
kancaku mau….kancaku ketok yen lemah banget mergo cinta.Hingga suatu
ketika….ono kancaku liyo takon menyang aku…opo to cinta kui…..
Sekseksekkkk…kui
mau mung ngawur lho….
Hmmm..bagi
aku kaum fakir asmara,cinta kui yo mau..hahaha.Terus nek jare Marjinal cinta kui pembodohan,tapi bedo meneh
kanggo uwong sik uwis ndue pacar,kanggo kaum sik pacaran cinta kui indah,cinta
kui perhatian,cinta kui romantis,cinta kui mengerti satu sama lain.Lha kui bagi
kaum sik urung ngerasakne detik-detik pedot.Masalah pedot me-medot,Ahhh pedot
anyaran kui memang menyakitkan,awan bengi ati iki tansah sedih,kelingan
bayang-bayang uwong sik biasane gawe seneng,gawe ngguyu,gawe bahagia,lha kok sakiki
malah gawe sedih.Sedih’e wong sik pedot anyaran kui yo bedo karo sedih sedih
liyane,pokoke ora enek sik nandingi sedihe wong sik lagi pedot yang2an.
Nah…sakjane
kancaku mau ijek sayang mbi pedotane mau,lan sakjane barang kancaku mau yo iseh
mengharap pedotane kembali ke pelukane kancaku -,- duh kata2ku
Yen
kancaku nelongso ngene aku yo melu sedih,tapi aku raiso ngopo-ngopo.aku mung
iso nyemangati kancaku sik lagi putus kui.Nah aku nyemangati ngene…
Aku
: “Live must go on,Le”
Kancaku : “Sik bener life must go on”
Waaaa
gaplek,tibake aku salah mengartikan ini semua asdfghjk :”
Oke
timbange aku kisinan,aku trus nyemangati sik ora nganggo bahasa inggris,ndak
salah meneh :|
Bocahe
kui jek tetep galau wae mbareng tak semangati,aku bingung,aku judek,opo aku
mbien koyo ngono banget tho.trus bocahe ngomong “aku bacut sayang” horok nek
wes ngono kui aku bingung ameh kepie.
Simpel
e ngene wae,witing tresno jalaran soko
kulino,nah dadi roso sayang kui enek mergo saben dino komunikasi,nah trus
dee muni “bacut sayang”,lan aku yakin roso sayang sik ono mergo kebacut mau
bakal ilang lan pupus mreteli siji-siji kok sue-sue…perkorone sue ne setahun
rong taun aku ra njamin Hahaha…
Wah iki jenenge aku menurunkan mentale
de’e iki :|
berhubung iki edisi khusus,bakal tak kasih bonus....
bonuse tak keki screen shoot BBMe kancaku
Wes…yen
aku…
Sik
uwis yo uwis,sik berlalu yo ben berlalu,wong jare lagu dangdut kui masa lalu
biarlah masa lalu.Awake dewe ijek belia,masa depan ijek panjang,masa lalu ben
dadi pelajaran.Jomblo akeh tunggale.Rene gabung karo dedek lala kene.
Njur
ndelik nyetel Geisha-Lumpuhkanlah ingatanku…….