Senin, 15 Desember 2014

Jalanin aja dulu #prinsip

Hae gaes,Bab tulisan iki aku bakal nganggo boso jowo maneh,lagi pengen wae sih,ben lossssss nulise.Oke kali iki *kali iki jareeee* aku bakal nyeritakke konco wedanganku,sebut wae jenenge Mawar,iki tep jeneng samaran,asline koe ra tak kandani wlek.
Mawar kui cah wadon,ayu banget,kulite putih resik,rambute dowo lemir lan wangi,pokoke bocahe ayu lah.Bocahe kui tiap cedak mbi cah lanang rumangsaku ora tau dadi,aku heran dari mulai cedak ambi si A ora dadi,cedak mbi B ora dadi,mbi C yo ra dadi.Kabeh konco wedangan yen umpomo lagi cedak mbi arek lanang kui mesti curhat,dadi sak grup kui mudeng kae lagi cedak mbi sopo.Nah kemudian pernah si Mawar kui cedak mbi arek lanang jenenge Ziqin [samaran] domisili Solo.Sedangkan si Mawar domisili Karanganyar.

Suatu ketika di siang hari yang ngenthang-ngenthang….
Ziqin sik adoh-adoh seko Solo moro menyang Karanganyar special mung kanggo nemoni mawar,di jak mangan lah si mawar karo ziqin , ziqin kui yo apikan soale aku yo ditukokne panganan haha.cah loro kui wis koyo wong PDKT,wis jalan berdua istilahe,wis nonton barang,pokoke wis melalui hari-hari indah berdua #halah . Hingga suatu saat,Ziqin meminta kejelasan akan hubungane iki,ditembaklah mawar…tibake jawabane opo jal?

“Aku nggak mau pacaran dulu”

Eeee pekok tenan,jadi kau anggap aku apa selama ini dik? :|
Ziqin ditolak lek ditolaaakkkk!!! Trus pekoke meneh aku diceritani mawar yen ziqin njaluk dikenalke kanca-kancane mawar,Iki jane kejadian ngeneki usume pas aku jik SMP lho,lha kok 2014 ijik usum to.
Alhasil mawar sansoyo ilfil karo ziqin.Hingga sakiki aku ra reti kabare ziqin meneh,mergo si mawar entuk cedakan anyar,sik iki rodo bedo.Bocahe nggowo sosok anyar pas wedangan,sebut saja dirinya DEK CANG’E ngopo tak sebut “DEK” soale bocahe ijik cah SMA,bayangno…kancaku sik sak umuran karo aku cedak karo dedek berondong gemes,wah pedofil.
Pas wedangan,seko gerak-gerike wis koyo wong yhang-yhangan.Sak jano dek cang’e kui yo ora ketok yen jik SMA soale perawakane deweke duwur,slim,ideal ding wis koyo cah kuliahan.Tapi tetep wae,ijek SMA!!

Lanjut….
Bareng ngono,deweke cedak meneh karo iwiw mocone i-wiw dudu iw-iw
Iwiw kui bocahe wis dewasa,kuliah semester 3 yen ora salah,bocahe aluse ra umum,nyeluk aku we mbak,padahal aku nyeluk kono mas,sopan bocahe,kwalem banget intine.
Iwiw yo istilahe PDKT karo mawar,tapi sik iki ketoke atine mawar rodo kebukak sitik,sitik bgt tapi.
Aku pernah njileh hpne iwiw,Galeri ki isine fotone mawar kabeh,aku bingung iki jane hapene sopo to -_-

Nah kali iki rodo bedo…
Tumben si mawar cedak karo bocah lanang rodok suwe,iki wes meh patang sasinan,tapi urung pisah-pisah.biasane rong sasi wis mlipir,telong sasi ra enek kabar,tapi kok karo si iwiw bedo ya?opo tenan mawar iso mbukak atine sing sak tenane #basamu la la
Tapi kebingunganku,emang sih hubungane wong loro kui wis cedak banget,si mawar kerjo di antar jemput *sok-sok*  trus mawar cerito yen ibuke yo RODO setuju karo iwiw timbang ziqin.Tapi nyatane kat seprene si mawar yo rung jadian jadian mbi iwiw.

Aneh e meneh….
Cah loro kui nyeluke “YANG…SAYANG..” astofiruloh haladziiiimmmm
Tapi hurung jadian.tak tekoni si mawar ngopo kok ra jadian wae jawabane “URUNG SIAP MEMBUKA HATI”

WFTTTTTTTTTTT…..WATU MANA WATUUUU!!!!

Mungkin dia memang memegang erat JALANIN AJA DULU #PRINSIP