Sabtu, 02 Agustus 2014

Kaum Pedotan [Edisi Boso Jowo]

Hail cah….oke,postingan sik siji iki rodo bedo,soale aku nganggo boso jowo,iki edisi khusus gais.Oke mergo rodo bedo,aku yo bakal mbahas sik bedo-bedo wae,Bocah jaman sakiki do kakean galau,galau mergo putus mbi yange lan mergo galau tanpo sebab.Sik aku meh mbahas galau mergo putus mbi yange…aku meh cerito kancaku sik lagi-lagi wae pedot mbi yange,bocahe galau setengah mati setengah urip,kebetulan kancaku kui wedok lan kebetulan yange yo cah lanang,nah kancaku kui mau galau banget,mergo diputus.Tiap muncul nang Recent updates kancaku kui mung nyeteli lagu galau,lan diputer bola-bali terus Personal Massage e kancaku mau isine mung kesedihan sik ra uwis-uwis,Hmmm kui biasa yo gais…wong pedot anyaran emang gitu.Nah….lanjut nang sosial media Twitter,kancaku kui mau yo nggalau ning kono gais,bocahe nge-tweet yen uripe lagi sedih. Ning kene aku ora nyebut sopo kancaku,sopo pedotane,lan opo sebabe pedot mergo kui privasi dalam kepedotan masing-masing.aku ning kene mung ameh cerito kesedihane kancaku.

Wong yang-yangan pedot kui biasa sik ra biasa yo wong ra yang-yangan trus pedot #uhuk.Halahhhh lanjut nyang kisahe kancaku mau….kancaku ketok yen lemah banget mergo cinta.Hingga suatu ketika….ono kancaku liyo takon menyang aku…opo to cinta kui…..



Sekseksekkkk…kui mau mung ngawur lho….
Hmmm..bagi aku kaum fakir asmara,cinta kui yo mau..hahaha.Terus nek jare Marjinal cinta kui pembodohan,tapi bedo meneh kanggo uwong sik uwis ndue pacar,kanggo kaum sik pacaran cinta kui indah,cinta kui perhatian,cinta kui romantis,cinta kui mengerti satu sama lain.Lha kui bagi kaum sik urung ngerasakne detik-detik pedot.Masalah pedot me-medot,Ahhh pedot anyaran kui memang menyakitkan,awan bengi ati iki tansah sedih,kelingan bayang-bayang uwong sik biasane gawe seneng,gawe ngguyu,gawe bahagia,lha kok sakiki malah gawe sedih.Sedih’e wong sik pedot anyaran kui yo bedo karo sedih sedih liyane,pokoke ora enek sik nandingi sedihe wong sik lagi pedot yang2an.

Nah…sakjane kancaku mau ijek sayang mbi pedotane mau,lan sakjane barang kancaku mau yo iseh mengharap pedotane kembali ke pelukane kancaku -,- duh kata2ku
Yen kancaku nelongso ngene aku yo melu sedih,tapi aku raiso ngopo-ngopo.aku mung iso nyemangati kancaku sik lagi putus kui.Nah aku nyemangati ngene…

Aku              : “Live must go on,Le”
Kancaku       : “Sik bener life must go on”

Waaaa gaplek,tibake aku salah mengartikan ini semua asdfghjk :”
Oke timbange aku kisinan,aku trus nyemangati sik ora nganggo bahasa inggris,ndak salah meneh :|

Bocahe kui jek tetep galau wae mbareng tak semangati,aku bingung,aku judek,opo aku mbien koyo ngono banget tho.trus bocahe ngomong “aku bacut sayang” horok nek wes ngono kui aku bingung ameh kepie.
Simpel e ngene wae,witing tresno jalaran soko kulino,nah dadi roso sayang kui enek mergo saben dino komunikasi,nah trus dee muni “bacut sayang”,lan aku yakin roso sayang sik ono mergo kebacut mau bakal ilang lan pupus mreteli siji-siji kok sue-sue…perkorone sue ne setahun rong taun aku ra njamin Hahaha…
Wah iki jenenge aku menurunkan mentale de’e iki :|

berhubung iki edisi khusus,bakal tak kasih bonus....
bonuse tak keki screen shoot BBMe kancaku



Wes…yen aku…
Sik uwis yo uwis,sik berlalu yo ben berlalu,wong jare lagu dangdut kui masa lalu biarlah masa lalu.Awake dewe ijek belia,masa depan ijek panjang,masa lalu ben dadi pelajaran.Jomblo akeh tunggale.Rene gabung karo dedek lala kene.


Njur ndelik nyetel Geisha-Lumpuhkanlah ingatanku…….

2 komentar:

  1. oppoo?? awake dewe Pedoott??, wingi aku mlayu2, nganti keringeten, ngosh - ngosh-an. Aku jek sayang ro pedotanku kui dadi ameh kabur nangendi wae pedotanku kui bakal tak oyak. Bulakmen doaku ro usahaku ra sio -iso. akhire pedotanku kui temangsang nang uwit cemoro. Aminnn, layang2ku sih gelem balik maneh meski sempat megat hubungan ro senarku.

    BalasHapus
  2. Hahahahaaaa kemekellll maseeeee=))

    BalasHapus

Thanks for Visiting :)